Assalaamu'alaikum WrWb.
Minongko tambeh,utawi pengiling-iling.
Bilih istiqomah meniko sanget-sanget dianjuraken,
Kados ingkang sampun didawuhaken gusti Allaah:
Saktemene wong-wong kang podo ngucapaken:
Pengeran kito iku gusti Allaah,nuli wong-wong mau podo istiqomah,iku poro malaikat bakal tumurun marang wong-wong mau (podo ngucap) siro kabeh ojo podo wedi lan susah,lan bungao siro kabeh kelawan suargo den janjekake marang siro.ingsun dadi kekasih siro kabeh ing dalem kauripan dunyo lan ing dalem akhirat,lan ing kono ono barang-barang kang siro senengi lan siro suwun,kerono dadi peparinge saking dzat kang akeh pangapurone lan moho asih.
Dados sampun ceto bilih istiqomah meniko perkawis ingkang agung lan kedah kito gatosaken kanti sak estu.
Bilih masalah istiqomah meniko ngeliputi tigang perkawis:
1.Istiqomah Bil Lisan,utawi istiqomahipun lisan,tegese lisan meniko kedah tansah ngugemi dateng paseksen bilih mboten wonten pengeran ingkang mujud kejawi namung Allaah,lan nekseni bilih Nabi Muhammad SAW puniko utusanipun Allaah,sak lajengipun,lisan meniko kedah mbuktiaken kaseksen punilo kanti amal ingkang sae.
3.Istiqomah Bil Janah,utawi istiqomahipun batos,artosipun manah kito tansah ngugemi kanti jejek dumateng nopo ingkang dipun ucapaken dining lisan,lajeng manah kito dipun isi kanti perkawis ingkang sae menggahipun Agami Islam.
3.Istiqomah Bil Nafs,utawi istiqomahipun bada dhohir,tegese mbuktiaken sedoyo ingkang sampun dipun iqraraken manah lan lisan,cekakipun tansah ambudidoyo nglampahi amal kesahenan kanti lebete batos minongko bukti saking iqraripun manah lan lisan.
Milo monggo kito ambudidoyo mujutaken istiqomah kolo wau kanti sekedik nggar sekedik,ingkang penting ajak lan sarono kenyakinan ingkang mantep,kanti mekaten Insyaa allaah kito saged dados tiyang Islam ingkang istiqomah,sehinggo kito dados golonganipun tiyang bejo,wonten ing dunyo ugi wonten akhirat mbenjing,Amiin yaa robbal'aalamiin.
Mugi2 saged damel pengiling-iling kulo sekeluarga,ugi saged lumeber dumateng panjenengan ingkang sami maos Wasalamu'alaikum wrwb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar