Assalaamu'alaikum WrWb, monggo kito sareng ningkataken taqwa kito dumateng Allaah Ta'ala, sareng-sareng nglampahi sedoyo perintah-perintahipun Allaah, tuwin nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun, kanti taqwa kito badhe wilujeng wonten dunyo tuwin wonten akhirat. Perlu dipun mangertosi sedoyo, bilih mboten wonten setunggalipun Agami wonten ing dunyo meniko ingkang nganjuraken supados merhatosaken nasib anak yatim, kejawi Agami Islam. Kulo aturaken meniko, kranten ing dalem kenyataanipun mboten wonten setunggalipun Kitab Suci saking Agami-agami ingkang nyebataken secara khusus ing ndalem masalah anak yatim kejawi kejawi namung ing ndalem Kitab Al Qur'anul Karim, lan ugi ing ndalem hadits Rasulullah SAW, anak yatim inggih meniko anak engkang dipun tilar pejah dining bapakipun selagi piyambaipun dereng ngantos umur baligh. Anak yatim ing ndalem Agami Islam nggadah kedudukan ingkang pinyambak tinimbang anak-anak sanes. Pinyambakipun pikantuk perhatian khusus saking Rasulullah SAW, mengaten meniko mboten sanes keranten kangge njagi kelangsungan gesangipun supados mboten terlantar sak ba'danipun dipun tilar kalih bapakipun.
Allaah sampun merintahaken dumateng kito sedoyo supados menyantuni anak yatim lan nanggung kehidupanipun sampun ngantos terlantar, sedoyo kebetahanipun sakben-sakben dinten, termasuk ugi ing ndalem pendidikanipun, Agami utawi pendidikan umumipun. Allaah SWT sampun dawuh : ingkang artosipun : poro hohabat podo takon marang kanjeng Nabi Muhammad SAW ing bab anak yatim. Nuli kanjeng Nabi keturunan ayat kang surasane : gawe becik marang anak yatim iku bagus. Koyo ngundakake bandane yatim-yatim mau.supoyo ing tembe mburi ora podo terlantar. Namun siro kabeh nyampurake nafaqahe yatim kelawan nafaqah iro kabeh, iku ugo diparengngake. Hubungan iro karo yatim mau minongko hubungan karo sedulur. Allaah Ta'ala tansah mirsani wong kang gawe kerusaan sangking wong kang gawe becik. Dadi Allaah Ta'ala mesti kuwoso gawe rupek marang siro kabeh, sehinggo siro kabeh ora dikeparengaken nyampur nafaqah. Sak temene Allaah Ta'ala iku dzat kang sifat wenang lan wicaksono.
Sederek-sederek rahimakumullaah!
Rupi-rupinipun kito umat Islam sak meniko dereng ngantis katah anggen kito merhatosaken nasibipun lare-lare yatim. Katah lare yatim pundi-pundi panggenan ingkang terlantar kehidupanipun. Mboten ngraosaken pendidikan ingkang memadahi kados lare-lare sanesipun. Menawi kito bandingaken yayasan yatim piatu ingkang wonten sakminiko, dereng memadai kalian jumlah lare yatim ingkang wonten. Namung tiyang-tiyang tertentu kemawon ingkang kerso merhatosaken kehidupan lare-lare yatim. Padahal menyantuni lare yatim meniko salah setunggalipun anjuran Agami Islam ingkang sanget dipun tekanaken. Termasuk amal ingkang mulyo, ingkang mbenjang bade angsal piwales saking Allaah kanti suwargo.sejatosipun Allaah ngancam dumateng tiyang-tiyang ingkang madang bondonipun lare yatim, baik sengojo utawi mboten.
Allaah Ta'ala sampun dawuh : sak benere wong-wong kang podo mangan bandane anak yatim kelawan tanpo alasan haq, iku persasat namung ngebaki weteng, dikebaki geni, lan deweke bakal melebu neroko Sa'ir.
Rasulullah SAW sampun dawuh : luwih bagus-baguse kabeh omah iro, hyo iku omah kang kanggonan bocah yatim kang dimulyoaken.
Monggo kito berlomba-lomba beramal shaleh mugi-mugi kito pinaringan umur panjang ingkang manfaat, lan pinaringan pejah kanti Khusnul Khatimah, amiin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar