YAssalaamu'alaikum wr wb,
Tiyang ajrih dumateng Allah mboten cekap namung kanti lisan kemawon, nanging kedah dibutiaken kalian amaliya ingkang sae saking angguhito badan kito.
Abu Laits sampun negesaken bileh tiyang meniko saged dipun wastani ajrih dumateng Allah SWT meniko saged dipun tingali tanda-tandanipun wonten ing pitung perkawis :
1. Tiyang ingkang lisanipun tansah kangge dzikir dumateng Allah Ta'ala, maos Al Qur'an tuwin kangge mbahas ilmu, kanti mekaten lisanipun mboten dipun ginaaken kangge ngendikan goroh, ghibah ( ngerasani ) lan sanes-sanesipun.
2. Manahipun tansah narimo, mboten gadah raos permusuhan, hasud ( dengki) lan sanes-sanesipun.
3. Menawi ninggali hal-hal donyo mboten ditingali kanti raos howo nafsu, nanging dipun tingali kanti dipun pundut i'tibaripun/ngalap ibarat, lan mboten purun ningali perkawis ingkang haram, milo Rasulullah SAW dawuh ingkang surahosipun : sing sopo wong ngebaki meripate kelawan perkoro haram, mongko Allah Ta'ala bakal ngebaki mripate ono ing dino qiyamat kelawan geni neroko".
4. Madaranipun mboten dipun kebaki kalian barang infkan haram, sebab Rasulullah SAW sampun dawuh : "Naliko barang haram mlebu ono ing wetenge anak adam, mongko sekabehane malaikat kang ono ing bumi lan langit podo ngelaknati marang wong iku selagine barang haram mau isih ing weteng. Lan nalikone wong iku mati tur isih koyo mengkono, mongko dewe e balak den lebokaken ono ing neroko".
5. Astanipun mboten dipun ginaaken kangge perkawis ingkang haram, nanging dipun ginaaken dateng perkawis ingkang nuju dateng ketaatan.
6. Sukunipun mboten kangge melangkah dateng maksiat, nanging namung kangge melampah nuju dateng keridloanipun Allah : ateges kekancan kalian alim ulama' lan tiyang-tiyang ingkan shaleh.
7. Taatipun dumateng Allah namung keranten Allah SWT.
Dene ciri-cirinipun taqwa inggih meniko, monggo kito perhatosaken dawuhipun Allah SWT : Alif Lam Mim. Kitab Al Qur'an iku kitab kang bener, ora patut den mamangi maneh, den turunaken dening Allah Ta'ala marang kanjeng Nabi Muhammad SAW dadio pituduh tumerape wong-wong kang anduweni dasar taqwa. Yoiku wong kang podo percoyo marang perkoro kang ora katon moto ( koyo suwargo neroko lan liya-liyane) ngelakoni shalat, lan nyokongaken sebagian saking sebagian bondone, lan iyo wong-wong kang podo percoyo marang kebeneran kitab Al Qur'an lan kitab kang den turunaken sak derenge Al Qur'an, serto percoyo marang akhirat, hyo wong-wong kang mengkono mau, wong kang oleh pituduh saking pengeran, lan hyo wong kang mengkono iku kang bejo kemayangan. ( QS. Al Baqarah : 1-6 )
Amaliya-amaliyah kasebat, pancen mboten gampil kito laksanaaken, nangging kagem tiyang ingkang kepingin angsal kevahagiaan wonten ndoyo ngantos akhirat tentu beban berat kados nopo kemawon sampun ndadosaken persoaalan, senaos kalih ngopi wonten wande merangkak/mberangkang saking sekedik-kedik ngaturaken bab-bab kesaenan ingkang ndadosaken kito saged emut dumateng Allah Ta'ala. Insyaa Allaah kanti usaha-usaha ingkang kados mekaten saking sekedik nggar sekedik ing sakben dintene kito sinauni, kito lampai, insyaa Allah ketaqwaan kito saged tambah terus, kanti mekaten berarti kito sampun gadah modal kangge mengarungi/menempuh kehidupan ing donyo niki ingkang kebak godaan lan tantangan.
Kranten Allah SWT sampun dawuh :
He wong-wong kang podo iman. Siro kabeh podo wedio ing Allah Ta'ala, lan saben-saben awak-awakan mesti kudu niti-niti, amal-amal opo kang arep den ajuaken ( den gol-golaken ) kanggo ngadepi dino qiamat besuk lan siro kabeh podo wedio ing Allah. Temenan Allah iku waspodo, mirsani opo-opo kang siro kabeh podo nindakake.
Kanti ngelampai peritah-perintahipun, monggo kito sami nyinauni, belajar sareng-sareng ndandosi diri. Milo Sayyidina Umar bin Khaththab ngendiko : Podo ngoreksio siro kabeh ing awak iro dewe sak durunge siro kabeh iku dikoreksi/dihisap.
Mugi-mugi hidayah tansah lumeber dumateng kito sami, lan manah kito dipun paringi ketenangan saged ngelampahi kesaena-kesaenan sekedik nggar sekedik, ingkang akhiripun numpuk dados katah amiin amiin yaa rabbal 'aalamiin..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar