Jumat, 21 Juni 2013

*SUCI LAHIR BATIN*

Allaah SAW berfirman dalam surat Al-Isra' :36, yang artinya : "Sesungguhnya pendengaranmu,pengliatan dan hati,kesemuanya akan diminta pertanggung jawaban"

Senin, 27 Mei 2013

*MBAGUSI TIYANG SEPAH*

Assalaamu'alaikum wrwb.
Minongko tambeh,utawi pengiling-ngiling
Damel kulo sekeluwarga ugi kagem panjenengan ingkang sami maos
Mugi-mugi saged nambahi taqwa dumareng Allaah Ta'alaa
Mbudidoyo nglampahi dawuhipun ugi nebihi awisanipun
Monggo kito gatosaken masalah Birrul walidain utawi bekti dumateng tiyang sepah kalih kito
Kranten bilih bekti dumateng tiyang sepah kalih meniko perkawis ingkang wajib
Nopo malih kito sebagai umat muslim
Dawuhipun gusti Allaah Ta'alaa wonten ing Al Qur'anul karim:
Lan ingsun wis wasiat (perintah) ing menungso bagusi wong tuo lorone
Ibune wus sarono rekso lan nyapih ing dalem mongso rong tahun
Tegese syukuro siro marang ingsun lan wong tuo loro siro.

Tiyang sepah ingkang sampun katah perjuanganipun,kagem putro pitrine,milai tasih wonten kandutan ngantos lahiripun,lan remaja ngantos dewasa dipun ramut dipun didik lan dicekapi kebetahanipun
Milo monggo sami nggatosaken ingkang sak estu anggen bekti dumateng tiyang sepah meniko

Salah setunggale bekti dumateng tiyang sepah nggih meniko nderek dawuhipun,manut ngendikanipun,hormat lan mboten ndamel susahipun manah dumateng tiyang sepah.

Kranten ing jaman akhir meniko katah anak ingkang mboten saged maklum lan ngemong tiyang sepahipun
Katah tiyang ingkan keras utawi sio dumateng tiyang sepahipun ingkang sampun udzur
Kranten dianggep tumindak klintu lajeng dipun sentak-sentak,didukani dipun kasar,malah wonten ingkan mentolo dipun tundung Na'udzu billaahi min dzalik
Sedanten meniko duso ageng menggahipun Agami Islam

Sedoyo meniko menawi tiyang sepah tasih gesang,dene tiyang sepah sampun sumare kito wajib ngatah-ngatahaken dedongo,ndungak aken dateng tiyang,kito suwunaken ngapunten lan kito suwunaken mugi-mugi dipun panjingaken suwargo kanti  hisab ingkan enteng
Sufyan bin 'Uyainah dawuh:
Sing sopo wonge ngelampahi sholat limo wektu mongko wong mau temen-temen syukur marang Allaah,lan sing sopo wonge ndongakake wong tuo loro sakwise sholat limo wektu,mongko wong mau temen-temen syukur marang wong tuo loro

Kanti Birrul walidain meniko insyaallaah kito saged kawastanan waladun,sholihun ingkang bade pikantuk wales ganjaran agung saking ngerso dalem Allaah SWT amiin yaa robbal 'aalamiin.

Mugi-mugi kito tansah pikantuk hidayahipun Allah Ta'ala sehinggo saged nglampahi nopo ingkang sampun dipun tetapaken Allaah Ta'ala la tuwin nebihi larangan-laranganipun kanti sabar wasalaamu'alaikum wrwb.

Selasa, 16 April 2013

*PENTINGIPUN AKHLAQ*

Assalaamu'alaikum WrWb.
Alhamdulillaahiladzii kholaqol kholqo 'alal ithlaaq,
Faathirissamaawaati wal ardlo wabaasithil arzaaq.
Minongko tambeh utawi pengiling-iling,damel keluarga kulo,ugi kagem panjenengan ingkan sami maos,kapurih kito sami-sami pikantuk keselametan wonten ing dunyo ugi keselametan wonten ing akhirat.
Allaah Ta'ala sampun dawuh:
Sing sopo wonge wedi marang Allaah Ta'ala (taqwa) mongko Allaah Ta'ala bakal dadeake dalan metu kanggo wong iku saking kerupekan dunyo lan akhirat,lan Allaah Ta'ala bakal ngerizkeni wong-wong iku sangking dalan-dalan kang dewek'e ora podo ngiro-ngiro.
Sing sopo wonge pasrah marang Allaah Ta'ala,mongko Allaah Ta'ala nyukupi wong iku.
Temen Allaah Ta'ala iku bakal nekaake kekarepane wong-wong kang podo taqwa wau.Temenan Allaah Ta'ala wid dadekake tumerap sembarang kalir.koyo murah pangan utawa paceklik,rupo wektu kang den temtuake.

Agami Islam ingkan dipun asto dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW meniko mboten nganjuraken dateng menungso supados ngelampai maksiat utawi mungkar,
nanging kosok wangsulipun inggih meniko,Islam nganjuraken supados menungso meniko kagungan akhlaq ingkang mulyo,nggadahi budi pakerti ingkang luhur,gadah adab ingkang sampurno,ingkang sedoyo meniko manfaatipun wangsul dateng manungso niku piyambak.

Budi pangerti,sopan santun,netepi akhlaqul karimah puniko manfaatipun wonten ingkang wangsul dateng badanipun piyambak,kados jujur mboten goroh,mboten nglampahi malsiat,lan wonten manfaatipun kangge masyarakat umum,kados shodaqoh,tulung-tinulung lan sanes-sanesipun,keranten Allaah Ta'ala sampun dawuh:
Sak temene Allaah iku merintahake (dawuh) tumindak adil suro gawe kebecikan,lan utowo ndonggakake becik marang sedulur kang cedak,lan Allaah ngelarang perbuatan keji,kemungkaran lan permusuhan,Allaah paring pitutur marang siro kabeh podo gelem iling.

Rosulullaah SAW kaliyan agami Islam ingkang dipun asto puniko sejatosipun mikul perkawis ingkang abot sanget.inggih puniko ndadosi kehidupan manungso ingkang wedal niku sampun mboten karu-karuhan.wonten ing pundi-pundi panggenan muncul kemaksiatan,kedloliman lan sanes-sanesipun.
Qaum ing zaman Rarulullaah SAW sampun mboten purun malih menghormati norma-norma kesopanan utawi budi pekerti ingkang luhur.sehinggo qaum niku nggadahi perbuatan ingkang ngeliwati bates.sampun mboten gadah akhlaq ingkang sae,wonten tengah-tengahe qaum ingkang kados mengaten rudakipun,Kanjeng Nabi Muhammad dipun utus dining Allaah supados nglurusaken kehidupanipun lan ndandosi akhlakipun qaum miniko.
Rasulullaah SAW sampun dawuh:
Ingsun (Nabi Muhammad) oea den utus,kejobo ingsun supoyo nyampurnaake luhure budi pakerti.

Pramilo monggo,kito sebagai umat Islam ingkan tansah berpegang teguh kaliyan Al Qur'an,tuwin hadits kito kedah selalu membina akhlaqul karimah meniko.kados ingkan sampun didawuhaken Rasulullaah SAW:
luwih sempurno-sempurnone iman wong-wong mukmin,hyo iku wong mukmin kang luwih bagus budi pakertine,lan luwih bagus-baguse siro kabeh,hyo iku budi pakertine,lan luwih bagus-baguse siro kabeh,hyo iku kang paling bagus pergaulane tumerap bojo wadone.
Pramilo meniko monggo kito sami-sami anyinauni nopo inggkang sampun didawuhaken Allaah Ta'ala lan Rasulullaah SAW.mugi-mugi tansah pikantuk hidayahipun Allaah Ta'ala amiin amiin yaa robbal'aalamiin.
Wasalamu'alaikum WrWb.

Selasa, 09 April 2013

*ISTIQOMAH*

Assalaamu'alaikum WrWb.
Minongko tambeh,utawi pengiling-iling.
Bilih istiqomah meniko sanget-sanget dianjuraken,
Kados ingkang sampun didawuhaken gusti Allaah:
Saktemene wong-wong kang podo ngucapaken:
Pengeran kito iku gusti Allaah,nuli wong-wong mau podo istiqomah,iku poro malaikat bakal tumurun marang wong-wong mau (podo ngucap) siro kabeh ojo podo wedi lan susah,lan bungao siro kabeh kelawan suargo den janjekake marang siro.ingsun dadi kekasih siro kabeh ing dalem kauripan dunyo lan ing dalem akhirat,lan ing kono ono barang-barang kang siro senengi lan siro suwun,kerono dadi peparinge saking dzat kang akeh pangapurone lan moho asih.

Dados sampun ceto bilih istiqomah meniko perkawis ingkang agung lan kedah kito gatosaken kanti sak estu.
Bilih masalah istiqomah meniko ngeliputi tigang perkawis:
1.Istiqomah Bil Lisan,utawi istiqomahipun lisan,tegese lisan meniko kedah tansah ngugemi dateng paseksen bilih mboten wonten pengeran ingkang mujud kejawi namung Allaah,lan nekseni bilih Nabi Muhammad SAW puniko utusanipun Allaah,sak lajengipun,lisan meniko kedah mbuktiaken  kaseksen punilo kanti amal ingkang sae.
3.Istiqomah Bil Janah,utawi istiqomahipun batos,artosipun manah kito tansah ngugemi kanti jejek dumateng nopo ingkang dipun ucapaken dining lisan,lajeng manah kito dipun isi kanti perkawis ingkang sae menggahipun Agami Islam.
3.Istiqomah Bil Nafs,utawi istiqomahipun bada dhohir,tegese mbuktiaken  sedoyo ingkang sampun dipun iqraraken manah lan lisan,cekakipun tansah ambudidoyo nglampahi amal kesahenan kanti lebete batos minongko bukti saking iqraripun manah lan lisan.
Milo monggo kito ambudidoyo mujutaken istiqomah kolo wau kanti sekedik nggar sekedik,ingkang penting ajak lan sarono kenyakinan ingkang mantep,kanti mekaten Insyaa allaah kito saged dados tiyang Islam ingkang istiqomah,sehinggo kito dados golonganipun tiyang bejo,wonten ing dunyo ugi wonten akhirat mbenjing,Amiin yaa robbal'aalamiin.

Mugi2 saged damel  pengiling-iling  kulo sekeluarga,ugi saged lumeber dumateng panjenengan ingkang sami maos Wasalamu'alaikum wrwb.

Senin, 01 April 2013

*Mergawe ingkang becik*

Assalaamu'alaikum WrWb,
Minongko tambeh (pengiling-iling)
Bilih perlu kito anggatosaken bab nyambut damel,utawi ngupadi nafkah.
Sebab nyambut damel ingkang dados kewajiban kito,minongko
tanggung jaeab dumareng keluarga
sejatosipun menawi cecek kalian pernatan agami,minongko amal
ingkang agung sanget welas ganjaranipun.
Kanjeng nabi nate dawuh:
Cerito saking  Abu hurairah ra,
Rasulullah SAW dawuh:Sak dinar
kang siro nafkahake kangge merdekaake kawulo lan sak dinar kang siro shodaqohake marang wong miskin lan sak dinar kang siro nafkahake marang keluargamu iku kang paling agung ganjarane sak dinar kang siro nafkahake kangge keluargamu (HR,Muslim)
Ningali keterangan ing inggil,kito umat Islam penting sanget anggatosaken perkawis meniko,coro lan sak panunggalanipun,Supados nyoto dados amal ingkang agung ganjaranipun.
Ingkang penting kito gatosaken magayutan kalian babakan nyambut damel,sepindah masalah niatipun,artisipun kito kedah ngatosaken dumateng niatipun,mergi niyat meniko perkawis ingkang wajib kejawi ugi bade mempengaruhi dareng pendamelan kito.
Lan manah ingkang tukul meniko kedah niyat ingkang leres,nggih meniko niat netepi kewajiban lan pados sanggu ibadah,sampun ngantos namung diniyati pados bondo donyo mawon.
Kanjebg nabi dawuh:
Cerito saking Amiru mu'minin Abi Hafsh Umar bin Khattab ra: ingsun krungu kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh: anging pestine sahe piro-piro amal iku kelawan niat, Lan anging pestine keduwe saben-saben wong iku anduweni keniyatan.Mulo sing sopo wonge nuju marang Allaah lan utusane mongko tumekane hyo marang Allaah lan utusane.Lan sopo kang tujuane marang donyo utowo marang wong wadon kang den nikah,mongko tumekane hyo marang opo kang den tuju mau.
Tegese sedoyo perkawis meniko nderek nopo ingkang dados niatipun,milo monggo anggenipun nyambut damel dipun niati engkang leres,niat netepi kewajiban lan pados sangune ibadah.
Kaping kalih anggenipun nyambut damel,kito kedah ngertos wedal utawi ngatur wedal,wanci nyambut damel kito manfaataken kanti sak estu,lan menawi manjing wedal ibadah kedah dipun sempataken kagem ngelampahi ibadah.
Kados dene sholat,shiam lan sak panunggalanipun,sampun ngantos kito nyambut damel kanti niyat ingkang leres,nanging anggenipun ngayahi pendamelan ngantos ninggal ibadah ingkang dados kewajiban kito.contonipun menawi kito dados supir,tukang sampah,tukang listrik,pejabat kantoran lan sak panunggalanipun menawi sampun manjing wedal ibadah sholat Dhuhur nggih kedah leren rumiyin sak perlu nglampai sholat,menawi mboten ngoten nggih kirang leres.
Dene magayutan kalian rupi pendamelanipun,Arsipun sak saget-sagetipun  ambudidaya ngayahi pendamelan ingkang mboten wonten hubunganipun kalian maksiyat,mergi risqi ingkang mboten sae,soyo-soyo ingkang mambu-mambu haram,menawi dipun tedo dening keluarga temtu bade nuwuhake perkawis ingkang mboten sae ugi.
Mugi-mugi saged kadamel tambeh utawi pengiling-iling dateng keluarga kulo piyambak,bilih saged lumeber mugi-mugi saged dugi dumateng panjenengan sedoyo Allaahumma amiin.
Wassalaamu'alaikum wrwb.

Jumat, 15 Maret 2013

*JUM'AT penuh BAROKAH*

Assalaamu'alaikum wrwb,
Sugeng pepanggihan malih,kalian kange sederek2.
Wonten wedal meniko,kange bade caos pengemut emut kususipun kagem kange sekeluargo,menawi seget lumeber,mugi2 dateng sederek2 sedanten allaah humma amiin.
Sakben pitung ndinten sepindah, umat islam sami kempal wonten masjid,sami2 ibadah dumateng allaah nggih meniko,sami nindak aken sholat jum'at,kranten sholat jum'at meniko hukumipun fardlu'ain,dumateng tiyang muslim engkang sampun akil baligh,nggih meniko wajib nindak aken sholat jum'at.
Rasulullaah saw sampun dawuh*
Sholat jum'at iku wajib tumerape wong islam lanang kelawan jama'ah,kejobo wong 4 kang ora kewajiban jum'atan,yo iku budak,wong wadon,bocah cilik lan wong loro.
Kranten katah hikmah lan barokah ipun sholat jum'at,
Saget ngicalaken raos harga diri engkang kirang sae,kranten lenggah sejajar,mboten enten beda nipun engkang sugih kalian miskin,ingkang wali kota kalian rakyat jelata,ingkang pangkat kalian mboten sedanten sami,sinten engkang dugi rumiyin manggen wonten shof ngajeng.
Saged nambahi ilmu kranten mirengaken khutbahipun khotib,engkang saged nambahi semangat angen ibadah dumateng allaah ta'ala.
Saget nambahi kekiyatanipun ukhuwah islamiyah,lan ningalaken kesatuan lan persatuanipun umat islam.
Muhammad saw sampun dawuh*
Naliko dino jum'at poro malaikat podo leren (mandek) ono ing lawange masjid perlu nulis wong kang teko ono ing masjid,wong kang teko awal dicatet koyo kang oleh hadiyah unto,wong kang nomer 2 dicatet koyo kang oleh hadiyah sapi,nomer 3 dicatet koyo kang oleh hadiyah wedhus gibas,nomer 4 koyo kang oleh hadiyah jago,lan ingkang nomer 5 dicatet koyo kang oleh hadiyah endok.naliko imam wis teko,mlebu ono masjid malaikat mau nutup bukune,dhewek'e yo podo mirengaken khutbah.
Kranten dinten jum'at,sanget2 katah barokahipun,milo diaturi samio maos surat fathihah,surat ikhlas,surat al falaq,surat an naas,saksampunipun lenggah tahiyat akhir,dipun waos surat2 meniko wau kaping 7 sedanten,kranten kanjeng nabi muhammad saw sampun dawuh*
Sopo wonge ba'da sholat jum'at moco surat ikhlas kaping 7,mu'awwidzatain kaping 7 setengahe qaul surat fathihah kaping 7,mongko wong iku direkso saking ngelakoni olo tumeko jum'ate maneh.
Mugi2 sageto damel pengemut emut,sederek sedanten kususipun damel kulo sekelurgo,dipun rekso saget ningkataken taqwa kito dumateng allaah ingkang sak estu astunipun taqwa allaahumma amiin
Wasalamu'alaikum wrwb.

Rabu, 13 Maret 2013

*SUNNAH KHUTBAH*

Assalaamu'alaikum wrwb,
He.he...dalam kesempatan ini,kange mau sedikit berbagi,semoga dapat menjadikan pengangan-angan bagi kita semua khususnya bagi kange sekeluarga,
sebagai kelanjutan *EPISOD* yang kemarin kange ingin berbagi masalah sunnah berkhutbah.
SUNNAH KHUTBAH* ysitu,
1. Khutbah diucapkan diatas mimbar
2. Mengucapkan salam setelah berdiri,senelum berkhutbah
3. Khotib hendaknya duduk tenang,sewaktu adzan dikumandangkan oleh bilal
4. Khotib yang berkhutbah hendaknya memegang tongkat dengan tangan kiri
5. Khutbah hendaknya disampaikan dengan suara yang baik dan jelas,sehingga mudah difahami dan diambil manfaatnya bagi para hadirin
6. Khotib hendaknya tidak terlalu memperpanjang khutbahnya
7. Khotib hendaknya mengeraskan suaranya melebihi dari yang wajib.
demikianlah uraian yang bisa kange berbagi,semoga ada hikmah dan manfaatnya bagi kita semua sebagai pengingat-ingat dan jika ada kekurangan ataupun kesalahan,kange mohon sekiranya sudilah memberi pencerahan wasalaamu'alaikum wrwb.

Minggu, 10 Maret 2013

*Rukun Khutbah*

Assalaamu'alaikum warochmatullaahi wabarokaatuh.

sebagai lanjutan postingan syarat,rukun dan sunnat KHUTBAH,kang yo akan berbagi *Rukun Khutbah*
rukun khutbah perkara yang harus kita ingat dalam kita berkhutbah,yakni seorang khatib diwajibkan untuk :
1.membaca hamdalah didalam berkhutbah baik yang pertama dan khutbah yang kedua.
2.membaca sholawat kepada  Nabi Muchammad SAW didalam khutbah baik yang pertama maupun yang kedua.
3.seorang khatib harus berwasiat kepada hadirin untuk bertaqwa kepada allaah,baik dalam khutbah yang pertama maupun khutbah kedua.
4.harus membaca ayat Al Qur'an pada salah satu dari dua khutbah.
5.harus membaca do'a untuk seluruh kaum muslimin pada waktu khutbah kedua.
*sekiranya hanya ini yang dapat kang yo sampaikan,dan untuk sunnah berkhutbah akan kami sampaikan dalam episod berikutnya jika allaah menghendaki amiin
nb*kang yo juga mohon masuk,an bagi shobat-shobat yang sekiranya,sudah beken dalam berblogger,kami tunggu masukanya dan mohon maaf  atas segala kekurangan dan kesalahan dalam postingan kami di atas.
wasalaamu'alaikum warohmatullaahi wabarokaatuh.