Senin, 27 Januari 2014

MINUM-MINUMAN KERAS MERAJALELA

Monggio kito sareng-sareng ningkataken taqwa kito dumateng Allah Ta'ala, dalem arti nglampahi sedoyo perintahipun, ugi kanti sabar nebihi sedanten larangan-laranganipun. Wonten ing akhir-akhir meniko, minuman keras arak, ( tuak) , wiski, brendi lan sakpanunggalanipun dados minuman kebanggaan, wonten pundi-pundi toko, kios, ugi wande-wande remang minuman meniko dipun sade terang-terangan, padahal sampun jelas lan terang bileh minuman-minuman wau dipun larang dening agami Islam lan ugi saged nimbulaken mudlorrot, baik dalem segi kesehatan ugi segi moral. Allah Ta'ala sampun dawuh : "Sejatine syaitan iku namung duwe karep nimbulaken sesatron lan geting-getingan ono ing antarane siro kabeh kanti sebab arak lan totoan. Jalaran arak lan totoan iku biso murukake olo lan fitnah. Lan hyo syaitan mau karep ngalangi siro kabeh saking iling ing Allah lan iling shalat, mulo marenono. Shahabat Umar bin Khattab Mu'adz bin Jabal, lan segolongan saking shahabat anshar, sami nyuwun watwa dateng kanjeng Nabi ing bab hukumipun khamar ( arak)  lan maisir ( totoan)  lajeng Allah Ta'ala nurunaken ayat ingkang surahodipun : Ngombe arak lan ngelakoni totoan iku ono dosane kang gede. Lan ora ono manfaate. Ono disane sebab penggawehan loro mau biso nimbulaken tukaran, pisuh-pisuhan lan mendem geloyoran. Senajan enak, seneng oleh duwit ora kangelan lan liyo-liyane maneh, nanging dosane luwih gede tinimbang penake.

Keadaan wonten ing akhir zaman mangke langkung parah malih, meh-meh roto kebiasaan tiyang minum-minuman keras. Terutami wonten ing kalangan remaja/pemuda minum-minuman keras sampun membudaya, pemuda ingkang mboten purun minum dipun anggep kolot lan kampungan, pemuda ingkang remen minum-minuman keras dipun anggep sebagai pumuda masa kini ingkang pinter ngikuti zaman | zaman gundulmu piye.
Sakmeniko mawon wonten ing pesta ( resepsi)  sampun dados suguhan utami, mboten bade dianggep pesta ( resepsi)  ingkang sak estu menawi dereng dipun suguhi minuman keras. Akibatipun nopo? Timbulah pinten-pinten kasus ingkang negatif, perkelahian lan pemerkosaan, merupakan pemandangan ingkang biasa wonten ing sakben-sakben pesta, moten saged dipungkiri niku. Ingkang diakibataken tiyang-tiyang ingkang mabuk minum-minuman keras niku wau. Milo meniko monggo kito sebagai tiyang ingkang menjunjung moral, kedah saged jagi diri lan paring piconto ingkang sae wonten ing mongso-mongso ingkang kados mekaten, sampun ngantos nderek-nderek perbuatan ingkang bejat ( amoral ) kolo wau. Allah Ta'ala sampun dawuh : he wong-wong mukmin, sejatine arak lan totoan, lan braholo lan azlam, iku kabeh namung kotor kang timbul saking  ajakane syetan, mulo siro kabeh kudu ngedohi, supoyo siro kabeh podo bejo.

Rasulullah SAW sampun dawuh : sopo wonge ngambah kiwo-tengene larangan, mongko wong mau marek-mareki kejegur ono ing larangan mau.

Mugi-mugi kito sebagai umat Islam saged njagi lan paring conto-conto ing ndalem kesaenan minimal kagem putro-putri kito tetanggi tepalih lumebere kagem masyarat katah amii amiin yaa rabbal 'alamiin.

Jumat, 24 Januari 2014

UMAT ISLAM KUDU DADI TULADAN

Monggo kito sareng-sareng ningkataken taqwa kito dumateng Allaah Ta'ala, lan monggo sami emut dateng pentingipun dados Uswatun Hasanah utawi conto-conto wonten ing babakan kesahenan. Artosipun, kito kaum muslimin meniko kedah dados tulodo kagem tiyang wonten ing sakben-saben tindak-tandukipun, ing pundi panggenan mawon lan kagem sinten mawon. Wonten ing tenggah-tenggah masyarakat, tonggo tepalih lan sedoyo lingkungan kito. Langkung-langkung maleh kito minongko tiyang sepah, kito kedah saged dados conto sae kagem putro wayah. Sampun ngantos kuwalik, yakni ketawis dados umat Islam ananging justru dados pengarep ing perkawis-perkawis mungkar lan maksiat. Ngaten meniko temtu mboten cocok kalian ajaran Islam ingkang dipun dawuhaken dening kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Monggo kito tingali sejarahipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanjeng Nabi miniko selaku tiyang Islam lan pemimpin, tansah dados tulodo ing sedoyo kesahean, malah-malah kanjeng Nabi Muhammad SAW meniko tansah dados tiyang ingkang dipun perintahaken dening agami Islam. Wonten ing pundi panggenan kemawon, kanjeng Nabi tansah ngetingalaken budi pakerti ingkang pinuji. Ngantos-ngantos garwanipun ingkang asmo Dewi Aisyah paring wangsulan : kaana khuluqahul qur'an. Artosipun : Akhlake kanjeng Nabi iku Al-Qur'an. Tegesipun, isi kandunganipun Al-Qur'an menikolah akhlakipun kanjeng Nabi.Gusti Allaah piyambak dawuhaken : Yekti temen-temen ono kanggo siro kabeh ing dalem pribadine Rasulullah SAW tulodo kang bagus kaduwe wong ngarep-ngarep ing gusti Allaah lan ing dino akhir.

Ngoten dawuhipun gusti Allaah, milo meniko kito minongko umatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW, monggo samio nyonto dateng kanjeng Nabi. Artosipun, sak kiat-kiat kito monggo sami ambudidoyo sagedto dados tulodo kagem tiyang lintu wonten ing babakan kesahenan.

Dening tasih amrat nilar maksiat ingkang kadung dados kebiasaan. Monggo milai dinten niki dipun kirangi saking sekedik nggar sekedik. Insyaa Allaah dangu-dangu saged dipun tebihi babar pindah, mugi-mugi Gusti Allaah Ta'ala tansah paring hidayahipun dumateng kito sami, ingkang akhiripun pikantuk margi kesaenan-kesaenan kagem kito sami aamiin..

Rabu, 22 Januari 2014

Nyantuni Lare Yatim

Assalaamu'alaikum WrWb, monggo kito sareng ningkataken taqwa kito dumateng Allaah Ta'ala, sareng-sareng nglampahi sedoyo perintah-perintahipun Allaah, tuwin nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun, kanti taqwa kito badhe wilujeng wonten dunyo tuwin wonten akhirat. Perlu dipun mangertosi sedoyo, bilih mboten wonten setunggalipun Agami wonten ing dunyo meniko ingkang nganjuraken supados  merhatosaken nasib anak yatim, kejawi Agami Islam. Kulo aturaken meniko, kranten ing dalem kenyataanipun mboten wonten setunggalipun Kitab Suci saking Agami-agami ingkang nyebataken secara khusus ing ndalem masalah anak yatim kejawi kejawi namung ing ndalem Kitab Al Qur'anul Karim, lan ugi ing ndalem hadits Rasulullah SAW, anak yatim inggih meniko anak engkang dipun tilar pejah dining bapakipun selagi piyambaipun dereng ngantos umur baligh. Anak yatim ing ndalem Agami Islam nggadah kedudukan ingkang pinyambak tinimbang anak-anak sanes. Pinyambakipun pikantuk perhatian khusus saking Rasulullah SAW, mengaten meniko mboten sanes keranten kangge njagi kelangsungan gesangipun supados mboten terlantar sak ba'danipun dipun tilar kalih bapakipun.

Allaah sampun merintahaken dumateng kito sedoyo supados menyantuni anak yatim lan nanggung kehidupanipun sampun ngantos terlantar, sedoyo kebetahanipun sakben-sakben dinten, termasuk ugi ing ndalem pendidikanipun, Agami utawi pendidikan umumipun. Allaah SWT sampun dawuh : ingkang artosipun : poro hohabat podo takon marang kanjeng Nabi Muhammad SAW ing bab anak yatim. Nuli kanjeng Nabi keturunan ayat kang surasane : gawe becik marang anak yatim iku bagus. Koyo ngundakake bandane yatim-yatim mau.supoyo ing tembe mburi ora podo terlantar. Namun siro kabeh nyampurake nafaqahe yatim kelawan nafaqah iro kabeh, iku ugo diparengngake. Hubungan iro karo yatim mau minongko hubungan karo sedulur. Allaah Ta'ala tansah mirsani wong kang gawe kerusaan sangking wong kang gawe becik. Dadi Allaah Ta'ala mesti kuwoso gawe rupek marang siro kabeh, sehinggo siro kabeh ora dikeparengaken nyampur nafaqah. Sak temene Allaah Ta'ala iku dzat kang sifat wenang lan wicaksono.

Sederek-sederek rahimakumullaah!
Rupi-rupinipun kito umat Islam sak meniko dereng ngantis katah anggen kito merhatosaken nasibipun lare-lare yatim. Katah lare yatim pundi-pundi panggenan ingkang terlantar kehidupanipun. Mboten ngraosaken pendidikan ingkang memadahi kados lare-lare sanesipun. Menawi kito bandingaken yayasan yatim piatu ingkang wonten sakminiko, dereng memadai kalian jumlah lare yatim ingkang wonten. Namung tiyang-tiyang tertentu kemawon ingkang kerso merhatosaken kehidupan lare-lare yatim. Padahal menyantuni lare yatim meniko salah setunggalipun anjuran Agami Islam ingkang sanget dipun tekanaken. Termasuk amal ingkang mulyo, ingkang mbenjang bade angsal piwales saking Allaah kanti suwargo.sejatosipun Allaah ngancam dumateng tiyang-tiyang ingkang madang bondonipun lare yatim, baik sengojo utawi mboten.

Allaah Ta'ala sampun dawuh : sak benere wong-wong kang podo mangan bandane anak yatim kelawan tanpo alasan haq, iku persasat namung ngebaki weteng, dikebaki geni, lan deweke bakal melebu neroko Sa'ir.

Rasulullah SAW sampun dawuh : luwih bagus-baguse kabeh omah iro, hyo iku omah kang kanggonan bocah yatim kang dimulyoaken.

Monggo kito berlomba-lomba beramal shaleh mugi-mugi kito pinaringan umur panjang ingkang manfaat, lan pinaringan pejah kanti Khusnul Khatimah, amiin.