Senin, 27 Mei 2013

*MBAGUSI TIYANG SEPAH*

Assalaamu'alaikum wrwb.
Minongko tambeh,utawi pengiling-ngiling
Damel kulo sekeluwarga ugi kagem panjenengan ingkang sami maos
Mugi-mugi saged nambahi taqwa dumareng Allaah Ta'alaa
Mbudidoyo nglampahi dawuhipun ugi nebihi awisanipun
Monggo kito gatosaken masalah Birrul walidain utawi bekti dumateng tiyang sepah kalih kito
Kranten bilih bekti dumateng tiyang sepah kalih meniko perkawis ingkang wajib
Nopo malih kito sebagai umat muslim
Dawuhipun gusti Allaah Ta'alaa wonten ing Al Qur'anul karim:
Lan ingsun wis wasiat (perintah) ing menungso bagusi wong tuo lorone
Ibune wus sarono rekso lan nyapih ing dalem mongso rong tahun
Tegese syukuro siro marang ingsun lan wong tuo loro siro.

Tiyang sepah ingkang sampun katah perjuanganipun,kagem putro pitrine,milai tasih wonten kandutan ngantos lahiripun,lan remaja ngantos dewasa dipun ramut dipun didik lan dicekapi kebetahanipun
Milo monggo sami nggatosaken ingkang sak estu anggen bekti dumateng tiyang sepah meniko

Salah setunggale bekti dumateng tiyang sepah nggih meniko nderek dawuhipun,manut ngendikanipun,hormat lan mboten ndamel susahipun manah dumateng tiyang sepah.

Kranten ing jaman akhir meniko katah anak ingkang mboten saged maklum lan ngemong tiyang sepahipun
Katah tiyang ingkan keras utawi sio dumateng tiyang sepahipun ingkang sampun udzur
Kranten dianggep tumindak klintu lajeng dipun sentak-sentak,didukani dipun kasar,malah wonten ingkan mentolo dipun tundung Na'udzu billaahi min dzalik
Sedanten meniko duso ageng menggahipun Agami Islam

Sedoyo meniko menawi tiyang sepah tasih gesang,dene tiyang sepah sampun sumare kito wajib ngatah-ngatahaken dedongo,ndungak aken dateng tiyang,kito suwunaken ngapunten lan kito suwunaken mugi-mugi dipun panjingaken suwargo kanti  hisab ingkan enteng
Sufyan bin 'Uyainah dawuh:
Sing sopo wonge ngelampahi sholat limo wektu mongko wong mau temen-temen syukur marang Allaah,lan sing sopo wonge ndongakake wong tuo loro sakwise sholat limo wektu,mongko wong mau temen-temen syukur marang wong tuo loro

Kanti Birrul walidain meniko insyaallaah kito saged kawastanan waladun,sholihun ingkang bade pikantuk wales ganjaran agung saking ngerso dalem Allaah SWT amiin yaa robbal 'aalamiin.

Mugi-mugi kito tansah pikantuk hidayahipun Allah Ta'ala sehinggo saged nglampahi nopo ingkang sampun dipun tetapaken Allaah Ta'ala la tuwin nebihi larangan-laranganipun kanti sabar wasalaamu'alaikum wrwb.