Monggo sareng-sareng belajar, luru wektu ingkang katah kebucal, mergi tiyang sami disibukaken dateng kebetahan, nyambut damel lan kesibukan-kesibukan, sihinggo katah wedal ingkang kebucal cuma-cuma. Milo monggo kito luroni wedal-wedal kolo wau, kito ginakaken damel ngatah-ngatahaken dzikir dumateng Allah WST wonten ing tingkah nopo mawon, wonten ing pundi pangenan kemawon, wedal seneng utawi susah, wedal longgar utawi rupek, wedal pinyambak utawi kempal-kempal senaoso kalian ngopi wonde wande. Jalaran dzikir wonten Allah niku ageng sanget manfaatipun lan ganjaranipun. Tiyang ingkang ngatah-ngatahaken dzikir meniko bade ngraosaken tentremipun gesang. Amergi manahipun tansah kumantil dumateng pengeran, piyambakipun tansah saged imut bilih manungso meniko namung sak dermo ngelampahi gesang. Sedoyonipun sampun diatur dening dzat ingkang moho kuwahos.
Kejawi meniko, dzikir puniko saged dados sebabipun turuning romah lan lintu-lintunipun, wonten ing setunggale hadits dipun sebataken : ora lungguh sopo qaum kang podo dzikir maring Allah kejobo malaikat-malaikat podo ngupengi lan rohmat pangeran tumurun, lan penganten-ngantenge ati tumurun ing atase wong-wong mau, lan Allah nuntun wong-wong mau marang makhluk kang ono ing ngarsane.
Mekaten dawuhe kanjeng Nabi, dados kito mboten perlu sumelang. Menawi purun ngatah-ngatahaken angenipun dzikir, gusti Allah bade paring piwales ingkang mboten kanten-kanten agengipun.
Milo monggo senaoso wonten wande, ngopi kalian rencang katah kito sami ambudidoyo ngatah-ngatahaken imut, ateges dzikir dumateng Allah Ta'ala, kito latih sekedik nggar sekedik. Kados sak bibaripun shalat gangsal wedal, shalat jum'ah lan sak piturutipun. Dzikiripun kanti maos kalimat thayyibah, shalawat utawi waosan-waosan ingkang dipun sagedi. Pokokipun pundi ingkang saged ndadosaken gampil lan sekeco anggenipun nglampahi, saged ajeg ngantos dados kebiasaan. Menawi saged mekaten insyaa Allaah manah kito keraos ayem tentrem. Kados pundi mawon kawontenanipun gesang, manah tetep anteng, lapang lan jembar.